Sunday, 15 December 2013

KLANA JIWO

Klana Jiwo...Geguritan



Mendung
Temiyung
Ing
Jroning
Atiku
Kang
Suwung

Kesaput
Pedut
Klawu
Kang
Dumadi
Saka
Kahanan

Kala
Lingsir
Sabendina
Nyolong
Yuswa (/umur)
Saya
Suwe
Saya
Uzur

Bakal
Bali
Kondur
Tumuju
Alam
Kubur

Mugi-mugi
Isih
Ono
Mangsa
Kanggo
Nata
Jiwa
Golek
Sangu
Sejatineng
Gesang

Gusti
Paringono
Daya
Supados
Kuasa
Nebihi
Sedaya
Dosa

Tuwin
Nebihi
Godane
Iblis
Kang
Memba-memba

No comments:

Post a Comment