Sunday, 15 December 2013

GURIT ING WANCI WENGI


  • GURIT ING WANCI WENGI KANG WINGIT

  • Mbulan kaya celurit sak larit
  • Katon ndepit ing nduwur langit
  • Wengi kang singit tansaya wingit
  • Angin mingkem krakep tanpa jerit

  • duh Gusti kang ngratoni langit
  • katresnan kula dumateng panjenengan namung sak ndulit

  • Pandom jam lumaku lamat-lamat
  • Dzikir siir tak ucap sak rampunge sholat
  • Tasbih, tahmid, takbir lan kalimat syahadat
  • Mbrebes mili ing pipi iline iluhing mripat

  • duh Gusti kang akarya jagat
  • kula nyuwun pangapura saking sekabehaning maksiyat

  • Lungguh sila ndoprok tanpa daya
  • Nelangsa lara lapa ing jroning dada
  • Kemutan lelaku lan tumindak kang ala
  • Kaya-kaya sang maut wes cedak ing telenging mata

  • duh Gusti kang tansah waspada
  • punika kawula ingkang sasar lan kebak dosa

  • Lafadz Yaa Allah, Yaa Allah, Yaa Allah
  • Dak ucapake kanti kusyuk lan lirih-lirih
  • Rasa ayem tentrem mili ing jroning getih
  • Pinda ilining banyu ing telaga kang jernih

  • duh Gusti kang welas asih
  • kula pasrahaken manah lan lampah kawula ingkang ringkih

No comments:

Post a Comment